Cerita Rakyat Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake nganti turun temurun utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumraping bocah bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah bocah. Crita rakyat duwe unsur – unsur pembangun kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang, lan amanat. cerita rakyat Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Sudhut pandang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca. Crita rakyat ngemu ...