Langsung ke konten utama

Materi Basa Jawa SMA



Cerita Rakyat 

Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake nganti turun temurun utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat  kasebut ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Tumraping bocah bocah, crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah bocah. Crita rakyat duwe unsur – unsur pembangun kayata tema, tokoh utawa penokohan, latar (setting), alur (plot), sudhut pandhang, lan amanat.

cerita rakyat
Tema yaiku pokok permasalahan ing sajroning crita. Saben crita rakyat duwe tema kang gumathok supaya gampang diwaca. Latar (setting) yaiku papan panggonan, wektu, lan suwasana kadadeyan ing sajroning crita. Sudhut pandang yaiku cara pandhang panganggit tumrap crita kang dianggit awujud wong kapisan, wong kapindho, utawa wong katelu. Amanat yaiku pesen kang diaturake dening panganggit marang wong kang maca.
Crita rakyat ngemu piwulang uutwa nilai – nilai, antarane yaiku nilai - nilai budaya kang nduweni gegayutan karo pemikiran, kabisan, lan karya cipta manungsa, nilai- nilai  sosial kang nduweni gegayutan karo tata laku antaraning manungsa nduweni sapadha, lan nilai nilai moral kang nduweni gegayutan karo tumindak apik lane lek kang dadi dhasare kauripane manungsa lan masyarakate.

*     Titikane crita rakyat

a.      Panyebarane kanthi lesan
b.     Duweni sipat tradhisional
c.      Sugih cakrik lan variasi
d.     Jenenge pangriptane ora konangan
e.      Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane


  Mupangate crita rakyat yaiku

a.      Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng, uga menehi hiburan (panglipur)
b.     Mupangat didaktif yaiku ndidik para kang maca amarga nilai-nilai kebeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita
c.      Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan
d.     Mupangat moralitas yaiku ngandhut nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan elek
e.      Mupangat religiusitas yaiku ngandhut ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.

*                           Unsur crita rakyat

a.      Tema yaiku ide pokok utawa permsalahan utama kang ndhasari lakuning crita
b.     Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektune papan panggonan lan wasana.
c.      Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingenteni karaktere saka tumindhake,cirisike lingkungane, lan sapanunggale.
d.     Alur (plot) yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.
e.      Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
f.       Sudut pandhang yaiku nyritakake tokoh, barang, papan lan sapanunggale.
g.     Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.

*                      Wujude crita rakyat miturut William R.Bascom ana telung golongan yaiku

a.      Mitos
Mitos yaiku crita kang dianggep bener bener kedadeyan. Kedadeyan inga lam dharatan, segara utawa langit. Tuladhane crita Nyi Rara Kidul
b.     Legendha
Legendha yaiku crita kang dianggep bener bener kedadeyan, biasane crita mau ana ing petilasan arupa watu, gunung kali lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing.
c.      Dongeng
Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Keong Mas.


Sumber : gegaran nyinau bahasa jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA



 Sesorah

Sesorah
Pangertene Sesorah
Sesorah utawi pidhato limrah sinebat medhar sabda inggih menika nglairaken gagasan, pamanggih, utawi osiking manah sarana lisan ing sangajenging tiyang kathah. Menawi mekaten sawenehing tiyang ingkang kapatah dados panata titi laksana utawi paniti laksana menika ugi kalebet ewoning tiyang sesorah, ananging beda jejibahan.

Jinising Sesorah 
1. Sesorah lan mengarah sabda : sipate umum tumrape maca ing ngarepe wong akeh.
2. Ular-ular/ wasita adi : ababagan keutaman, pitutur becik, lan sapanunggalane.
3. Pambagyaharja : kanggo nampa tamu.
4. Tanggap sabda : kanggo nanggepi ature pambagyaharja.
5. Khotbhah : babagan agama.

Ancas utawa Tujuane Sesorah 

1. Atur Pambagya : Sesorah kanggo nampa rawuhe para tamu kang ana ing acara.
2. Atur Kabar/Pawarta : Sesorah kanggo ngaturake kabar kang arupa palapuran utawa nyritkake sawijining bab marang pamiarsa.
3. Atur Lelipur (Hiburan) : Sesorah kanggo aweh panglipur kanti ancas supaya sing mirengake bisa seneng penggalihe.
4. Ngengajak : Sesorah kang sipate ajak-ajak supaya sing ngrungokake percaya banjur kepencut lan melu nglakoni apa kang diwedharake ing sesorah.

Ratamane/Urut-Urutane Sesorah 

1. Salam Pambuka : Uluk salam miturut agama kang dianut.
2. Purwaka : Ngemot atur pakurmatan, ngonjukake puji syukur marang Gusti, atur panuwun marang tamu.
3. Surasa basa (isi) : Wose sesorah, bisa tanggap wacana bisa pambagyaharja, uga bisa sesorah liyane. Isine underan bab kang diwedhrake.
4. Dudutan : Ringkesan isineng sesorah.
5. Pangarep-arep lan pesen : bab-bab kang dipesenake kanthi anane sesorah kang diwedharake.
6. Wasana Basa (Panutup) : Atur panuwun lan nyuwun pangapura tumprap sekabehe kaluputan marang sesorah kang diwedhrake.
7. Salam Panutup : Wujude atur panutup.

Cara Maca Sesorah 

1. Maca : nindakake sesorah kanthi maca teks kang wus disiyapake sedurunge.
2. Ngapalake : Nyiapake teks sesorah kang jangkep luwih dhisik sedurunge nindakake sesorah banjur diapalake.
3. Ekstemporan : Nyepakake tulisan kang dadi ragangan/cengkrongane sesorah.
4. Impromptu : Nindakake sesorah tanpa ana persiyapan apa-apa.

Kang Perlu digatekake Nalika Maca Sesorah

1. Basa
Basa kang digunakake kudu cocog/laras karo apa sing diadhepi.
2. Busana
Menawa sesorah prayogaen migunakake busana kang becik lan sopan.
3. Swara
Wiramaning swara sing kepenak dirungu, ora kebanteren lan ora kelonen.
4. Solah bawa/tindak-tanduk
Solah bawane wong sesorah kudu manteb, lan teteg, madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, aja ndingkluk lan aja ndangak.

Tuladhane Sesorah


YOGYAKARTA TETEP ISTIMEWA
Dening : Elida Fadhilatul Latifa (XII Aksel/05)
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun.
     Ingkang kinurmatan Ibu Triwik Damarjati,Ibu Kinanti saha para kanca ingkang kula tresnani.
     Langkung rumiyin, sumangga kula panjenengan angaturaken puja pangalembana wonten Ngarsa Dalem Gusti Alloh SWT, ingkang sampun paring nugraha, rahmat, saha berkah kangge panjenengan satemah kula panjenengan saged pepanggihan wonten ing papan punika kanthi widada, wilujeng nir ing rubeda kalis ing sambekala.
      Saklajengipun wonten ing wekdal punika, keparenga kawula badhe angaturaken sesorah, kanthi irah-irahan “Yogyakarta Tetep Istimewa”.
     Sagung para lenggah ingkang mahambeg berbudi utami. Punapa sebabipun Yogyakarta punika dados daerah ingkang istimewa? Kasinggihan, Yogyakarta pinangka daerah ingkang istimewa amergi anggadhahi mapinten-pinten alesan. Ing antawisipun:
     Yogyakarta pinangka papan pasinaon. Sampun kaloka bilih para mudha saking saindenging  tlatah nuswantara sami kepingin ngangsu kawruh lan ngudi ngelmi wonten ing kitha menika. Kanthi mekaten kathah para mudha saking Aceh, Batak, Minang, Melayu, Sunda, Dayak, Ambon, Bali menapa dene Papua ingkang mapan wonten ing Yogyakarta saperlu ngangsu kawruh lan ngudi ngelmi.
     Yogyakarta pinangka sumbering kabudayan Jawi. Para Tamu tartamtu sampun pirsa bilih Ngayogyakarta Hadiningrat pinangka Kraton, pramila wonten ing mriki  basa jawi, unggah-ungguh, adat kabudayan, tata krami saha seni tradisi tansah dipun uri-uri amrih lestantun, ngrembaka lan mekaring kabudayan Jawi.
     Yogyakarta ugi kaloka pinangka kitha pariwisata, saengga kathah wisatawan manca negari saha wisatawan nuswantara ingkang kepingin mriksani kaendahanipun papan-papan wisata ing Yogyakarta, linangkung wisata kraton Yogyakarta lan Pakualaman. Para wisatawan menika ugi kepingin angraosaken gudheg ingkang mirasa saha mundhut batik kagem angsal-angsal.
     Saklajengipun ingkang langkung wigatos, kitha Yogyakarta menika pinangka kitha perjuangan ingkang anyengkuyung jejeging Negara Kesatuan Republik Indonesia. Ing jaman perjuangan, ingkang dipun pandegani dening ingkang sinuwun Sultan Hamengku Buwana Ingkang jumeneng kaping sanga lan Kanjeng Gusti Paku Alam ingkang jumeneng kaping wolu.
     Ing tanggal 4 Januari 1946, rikala RI nembe ngancik kawan wulan saking merdika, Walanda kepingin njajah malih negari Indonesia kanthi mbonceng pasukan Sekutu. Medan lan Palembang sampun dipunkuasani dening Sekutu. Gendera Walanda dipunkibaraken malih ing Jakarta. Semanten ugi Semarang lan Surabaya, inggih sampun dipunkuasani dening Sekutu.
     Sultan Hamengku Buwana Ingkang jumeneng kaping sanga lan Kanjeng Gusti Paku Alam ingkang jumeneng kaping wolu nyawisaken Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat lan Kadipaten Pakualaman pinangka papan kagem para pemimpin Indonesia supados rancak angendali punjering pemerintahan RI saking Yogyakarta. Sejarawan paring katerangan bilih Sultan Hamengku Buwana Ingkang jumeneng kaping sanga maringaken redana langkung saking gangsal yuta Gulden kangge lumampahing pemerintahan RI saking Ngayogyakarta Hadiningrat. Ing antawisipun kangge Kantor Presiden ingkang mapan ing Gedung Agung, kangge logistik prajurit RI saha kangge “biaya hidup”wragad para pemimpin Indonesia.
     Kanthi mekaten, kasinggihan Yogyakarta menika boten namung istimewa daerahipun ananging ugi  istimewa warga masyarakatipun. Cundhuk kaliyan keistimewaan-keistimewaan kala wau, sampun sakmesthinipun bilih kula panjenengan pinangka warga masyarakat Ngayogyakarta Hadiningrat rumaos bombong lan mongkog. Pramila Kula panjenengan ugi kedah ndherek njagi saha nglestatunaken keistimewaan kasebat.
     Sagung para lenggah ingkang minulya. Mekaten menggah sesorah ingkang saged kula aturaken. Mugi punapa ingkang kula aturaken punika wontena mupangatipun kangge  pribadi kawula sumrambahipun kagem para tamu.
Dara mabur, medhun nang wit sukun
Kula matur, sampun, lan matur nuwun

Sumber : https://www.synaoo.com/sesorah-pidato-basa-jawa-materi-bahasa/
https://edusiana.com/materi-bahasa-jawa-sesorah/


Geguritan

Geguritan





Pangertene Geguritan

Geguritan yaiku puisi jawa anyar kang ora kaiket dening paugeran tertemtu.

Titikane Geguritan

1. Ora kawengku ing pathokan
2. Nggunakake tembung kang pinilih
3. Ora nggunakake basa padinan lan arang nggunakake tembung pangiket
4. Migunakake purwakanthi sastra, swara lan basa
5. Isine mentes

Unsur-unsur geguritan

Unsur Intrinsik

1. Tema/ Liding Cerita : gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit.
2. Pamiling tembung/diksi :  pilihan tembung kang trep/mathuk kango geguritan.
3. Lelewaning basa/gaya bahasa : mbudidayane panganggit kanthi milih tembung-tembung kang dironce kanti endah saenggo ngasilake ukara kang ngandut lelewaning basa.
Tuladha lelawaning basa :
a. Personifikasi : ngumpamakake barang kaya tumindake manungsa
tuladha : Serngenge iku ngguyu mesem marang sliramu.
b. Metafora : mbandingake barang marang barang liyane kang sipate pada.
tuladha : Sulastri kui kembang desa ing Telagareja.
d. Repetisi : penganggit kepingin nuduhke maksude ing geguritan kanthi mbolan-mbaleni tembung.
tuladha : Aku wis ngomong yen aku ora ngapusi, aku ora mblenjani.
4. Citraan/imajinasi : gambaran angen-angen/imajinasi penganggit kang diwujudake kanti indra.
5. Latar : nggambarake papan, swasana, wektu kangge narik kawigaten.
6. Pesen/amanat : pesen, nasihat, utawa piwulang becik kang diwedharake penganggit lumantar geguritan.

Unsur Ekstrinsik

1. Biografi : latar belakang/ riwayat uripe penulis
2. Nilai ing sajerone crita : kayata ekonomi, politik, sosial, adat-istiadat, budaya, lan sapanunggalane.
3. Kemasyarakatan : kahanan sosial nalika ko geguritan ditulis.

Tuladha Geguritan

TITIK SAKA DESA

Dak rungu titir saka desa

Dudu titire eyang, paman, uga biyung
Kang ngudarasa jalaran
Jago-jago padha kluruk wayah sore
Dak rungu-rungu titir saka desa
Titir lawas saka sangpujangga
Menawa kali ilang kedhunge
Wong wadon ilang wirange
Pasar ilang kumandhang
Uga ha, na, ca, ra, ka kasustran
Nate ngrenggani tanah Jawa
Bakal ilang sirna tanpa sabawa 
Mitra, apa kita tetep ngelus jaja?
Jlentrehane :

Liding crita : Kabudayaan
Pamiling tembung :Titir, ngudarasa, kedunge, wirangi, sabawa, jaja, sangpujangga
Lelawaning basa : Jago-jago padha kluruk wayah sore , Menawa kali ilang kedhunge, Pasar ilang kumandhang
Citran : Pangrasa lan pangrungu
Latar : desa, trenyuh, sore
Pesen : Aja nglalikake budaya Jawa.

JAMAN

Dening : Muhammad Yamin M.S



Jaman geger aku ngungsi ketewer-tewer

Ndhelik sor ngemper
Ngerti-ngerti ketiban genter
Alah bapak balung sate
Uripku ijen-ijenan
Nong, ning, nong, neng, nong, ning, neng, nung
Rekasane urip jaman geger

Ati ora jenjem mangan ora tentrem
Turu ora bisa merem
Pating jledhor bedhil mriyem
Oh, Paiyem…. Paiyem, bojoku sing mati kaliren
Bubar nglairake anak wadon nalika perang rame
Mula bocah wadon mau dakjenengake “Rame”
Oh, Rame-Rame kowe saiki wis genti duwe anak lima semega-semega

Urip jaman merdika, enake apa-apa ana
Kliwat ngedan dadi brandhalan
Omben-omben, mabuk-mabukan
Tan ngerti bedhahing kamardikan
Aku tumbaling putuku

Lelabuhan jebul aji watu
Saiki jaman maju
Apa-apa kolu
Jaman mau wong urip sarwa kesusu
Mlebu-metu neng hotel nyandhing wong ayu
Lah Bapak ra ngerti saru
Sing neng ngomah padha padu
Damen-damen pari-pari

Biyen-biyen saiki-saiki
O, slamet, slamet
Jamane bundhet ruwet
Ora eling labuh labet
“E , bocah-bocah …. Jaman rong ewu neng ngarepmu
Mangsa borong, neng pundhakmu jaman dadi abang biru
Aku ora ngaru siku, wis simbah turu!”
(Pangilon, Antologi Geguritan FKY)
Jlentrehane:
Isi Geguritan

1. Obah –owahing jaman, kang lir gumanti, saka jaman geger tumeka jaman 2000-an mangaribawani watak-wantu, lagu lan lageyan kang urip ing jamane.
2. Protese veteran perang marang generasi saiki, amarga anggone ngisi kamardikan cengkah karo gegayuhane para pejuang.
Pesen Moral

a. Manungsa mbetahaken gesang ingkang tentrem lan aman
b. Ampun damel rekaosipun tiyang sanes
c. Ampun serakah
d. Tanggung jawab marang tugas

Nulis Geguritan

1. Nemtoake tema
2. Milih tembung kang becik
3. Cacahing gatra (baris) ringkes lan mantes
4. Migunakake tembung kang andhahan
5. Migunakake basa kang endah
6. Pamilihing aksara swara kang trep saengga wirama endah
Sing kudu digatekake nalika maca Geguritan:
1.Wicara/Kualitas Vokal yaiku ala becike aksara suwara/dhang-dhinge basa, pocapan/lafal (a, Γ₯, i, o, Γ¨, Γ©, Γͺ, ta, tha, da, dha) Pamacane geguritan, pocapan kdu cetha, ora kena groyok, pelo utawa rangu-rangu, kejaba kuwi pamacane geguritan kudu bisa ngucapake aksara kanthi bener, umpami email mbedakaken aksara (a, Γ₯, i, o, Γ¨, Γ©, Γͺ, ta, tha, da, dha)
2. Wirama/Tata cara/Etika maca Geguritan yaiku lagu/iramane, maca geguritan, bisa minangka pandudut (daya tarik) kanggone sing ngrungokake. Banter alone wiramane becik kalarasake karo isine geguritan. Lamun maca geguritan kanthi dhasar karangan (tema) perjuangan pamacane gurit sing sora lan semangat, beda karo yen maca geguritan isi kesusahan, kasmaran pamacane ya kudu luwih alon lan sareh.
3. Wirasa/Greged/ penjiwaan /Pemahaman tegese isi Geguritan, cocok/penere anggone negesi Geguritan. Wirasane nalika maca kudu kaetrepken karo isining geguritan umpamane : nesu, gumbira, sedhih, sereng, wibawa, getun, lan sapanunggalane.
4. Wiraga/Ekspresi/mimik yaiku cocok/jumbuhing solah bawa obahing badan, polatan, rasa. Obahing badan lkaku), prasaja lan ora katon lamun digawe.
Sumber : https://www.synaoo.com/geguritan-materi-bahasa-jawa-kelas-12/an polatan (mimik) kudu luwes (ora 

Serat Wedhatama Pupuh Gambuh
     Serat Wedhatama iku anggitane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa karya, wedha tegese wulangan utawa tuntunan, dene tama duwe teges utama utawa kautaman. Dadi, wose Serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.

A. Maca lan nanggapi teks Serat Wedhatama pupuh Gambuh lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan

     Gambuh

Samengko ingsun tutur
sembah catur supaya lumuntur
dihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki
ing kono lamun tinemu
tandha nugrahaning Manon

√ Pupuh Gambuh ing Serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 35 pada (bait). Sapada tembang Gambuh nduwur iki kawiwitan saka tembung Samengko tekan tembung Manon.

√ Guru gatra yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben papada tembang Gambuh ana 5.

√ Guru lagu yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang Gambuh yaiku u, u, i, u, o.

√ Guru wilangan yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (larik). Dadi, guru wilangane tembang Gambuh yaiku 7, 10, 12, 8, 8.

√ Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur, biasane ditulis : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o.

B. Nemokake tuntunan ing Serat Wedhatama pupuh Gambuh lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

Gambuh

Kelak saya bertutur, 
empat macam sembah supaya
dilestarikan,
pertama : raga, kedua : sembah
cipta, ketiga : sembah jiwa, dan
keempat : sembah rasa, anakku,
disitulah akan bertemu dengan
pertanda anugrah Tuhan.

Pada iki mung salah siji saka 35 pada ing Gambuh Serat Wedhatama. Saka pada kang wis dijarwakake dadi basa Indonesia mau bisa ditemokake tuntunaning urip, upamane :

√ Manungsa kudu nyembah Gusti kang maha kuwasa

√ Sembah marang Gusti kang maha kuwasa ana patang werna yaiku sembah raga, cipta, jiwa lan rasa.

√ Manungsa yen wis nglakoni patang sembah iku mau, bakale entuk anugrah saka gusti kang maha kuwasa.

C. Mbedah perangane Serat Wedhatama pupuh Gambuh

     Kaya kang diandharake ing ndhuwur, tembang Gambuh iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe pitung gatra. Yen ora cocog karo salah siji wae saka aturan iku, tegese dudu tembang Gambuh. Jlentrehe kaya ing ngisor iki.

Sa/meng/ko ing/sun tu/tur  (7u)
sem/bah ca/tur su/pa/ya lu/mun/tur  (10u)
di/hin ra/ga, cip/ta, ji/wa, ra/sa, ka/ki (12i)
ing ko/no la/mun ti/ne/mu (8u)
tan/dha nu/gra/ha/ning Ma/non  (89)

D. Nulis cakepan tembang Gambuh
     Nulis tembang macapat, kalebu tembang Gambuh iku kudu manut aturan kang gumathok. Supaya bisa nulis cakepan tembang nacapat (Gambuh), wiwitana kanthi gawe ukara bebas! Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune. Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembung utawa ngowahe papane tembung.

Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA




IKLAN

Iklan utawa pariwara yaiku kegiatan menehi informasi bab barang lan jasa sing migunaake media massa online utawa offline.
Iklan nduweni paugeran, yaiku:

1)   Iklan migunaake media massa kanggo masifikasi layang.
2)   Migunaake sponsor sing wes teridentifikasi.
3)   Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak.
4)   Nduweni tujuan kanggo ngentokno audiens seakeh-akehe.
Jenis-jenise iklan, yaiku :

A.      Iklan sing nganggo dasar tujuan

1.    Iklan Informatif
Iklan informatif yaiku, iklan kang nduweni paugeran :
a)         Nduweni tujuan mbentuk kesadaran lan pengetahuan bab produk utawa fitur-fitur saka produk kang wes ana.
b)        Njelasno cara kerja pproduk.
c)         Menehi infrmasi harga lan kemasan produk
d)        Ngoreksi produk
Tuladhane iklan informatif yaiku iklan hp Sony Ericsson Z550i, iklan Dji Sam Soe, iklan Coca Cola.
2.    Iklan Persuasif
Iklan persuasif nduweni paugeran,yaiku :
a)         Nduweni tujuan nyiptakno kesenengan, preferensi lan keyakinan, sahinggo konsumen arep tuku lan migunaake barang lan jasa.
b)        Nganjurno khalayak milih merk tertentu.
c)         Nganjurno kalayak tuku.
d)        Ngubah persepsi konsumen.
e)         Mbujuk khalayak tuku saiki.
Tuladhane iklan persuasif yaiku, iklan Samsung Slim Fit T, iklan Canon Printer PIXMA iP1200.
3.    Iklan reminder
Iklan reminder nduweni paugeran, yaiku :
a)         Nduweni tujuan ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa.
b)        Ngilingno konsumen tuku produk iku.
c)         Njaga kesadaran produk.
d)        Njalin hubungan apik karo kosumen.
Tuladha : iklan Vita Zone, iklan Hotel Santika Malang, iklan Simpati Jitu.

B.       Iklan umum

1.    Iklan Tanggung Jawab Sosial
Iklan tanggung jawab sosial, yaiku iklan kang nduweni tujuan nyebarno pesan kang nduweni sifat informatif, penerangan, pendidikan supaya mbentuk sikap warga, sahinggo nduweni tanggung jawab marrang masalah sosial. Tuladha : iklan anjuran, lan iklan penggambaran sosial.
2.    Iklan Bantahan
Iklan bantahan yaiku iklan kang digunakake mbantah utawa nglawan isu kang nggawe rugi dan ndandani citrane wong, perusahaan utawa merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener. Ciri khas iklan iki yaiku ndheleh komunikator  gawe pihak kang teraniaya utawa digawe rugi pihak liya. Tujuan iklan bantahan yaiku: ngilimisi iklan kang ora bener lan ora nguntungno; nglurusno isu ing porsi kang bener, sesuai karo maksud perusahaan; mbangun simpati khalayak; mbangun opini publik menawa perusahaan ana ing posisi kang bener.
3.    Iklan Pembelaan
Iklan pembelaan yaiku ‘lawan’ saka iklan bantahan. Tujuan saka iklan iki yaiku supaya oleh simpati saka khalayak menawa perusahaan ana ing posisi kang bener. Tuldhane yaiku iklan kang kaiket karo hak paten.
4.    Iklan Perbaikan
Iklan perbaikan yaiku iklan kanggo mbenakno layang-layang  bab hal kang wes kahung keliru lan disebarake nganggo media. Istilah lain iklan iki yaiku iklan ralat utawa iklan pembetulan. Iklan iki nduweni tujuan kanggo ngralat informasi sing keliru, sahinggo publik tetep oleh informasi kang bener.
5.    Iklan Keluarga
Iklan keluarga yaiku iklan kang isi layang-layange  pemberitahuan saka pengiklan bab kedadiane peristiwa kekeluargaan marang keluarga/khalayak lainne. Iklan keluarga biasane luwih akeh rupa iklan kolom lan display, ora akeh nduweni isi ilustrasi gambar, lan luwih ngandalno layang tulis. Tuladhane yaiku iklan bab kematian, pernikahan, wisuda, lan liya-liyane.

C.       Iklan khusus

1.    Iklan kang nganggo dasar media kang digunakake :
a)         Iklan Cetak yaiku iklan kang digawe lan dipasang karo migunakake teknik cetak. Tuladhane, yaiku: iklan cetak surat kabar, iklan cetak baliho, iklan cetak poster, iklan spanduk, lan liya-liyane.
b)        Iklan Elektronik yaiku iklan kang dipasang ing media kaya radio, lan TV.
2.    Iklan kang nganggo dasar tujuan iklan :
a)         Iklan Komersial yaiku iklan bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno keuntungan ekonomi. Iklan komersial dibagi dadi telung jenis iklan, yaiku iklan kanggo konsumen, kanggo bisnis lan iklan kanggo profesional.
b)        Iklan Non Komersial yaiku iklan kang digunakake kanggo nyampekake informasi, ndidik khalayak.


3.    Iklan kang nganggo dasar bidang isi layang :
a)         Iklan Politik.
b)        Iklan Pendidikan.
c)         Iklan Kesehatan.
d)        Iklan kecantikan lan perawatan tubuh.
e)         Iklan Pariwisata.
f)         Iklan hiburan.
g)        Iklan Olah Raga.
h)        Iklan Hukum.
i)          Iklan Lowongan Pekerjaan / Recruitment.
j)          Iklan Duka Cita.
k)        Iklan Perkawinan.
l)          Iklan panganan lan ombean.
m)      Iklan Otomotif.
n)        Iklan lingkungan Hidup.
o)        Iklan Media.
4.    Iklan kang nganggo dasar komunikatore
a)         Iklan Personal.
b)        Iklan Keluarga.
c)         Iklan Instusi.
5.    Iklan kang nganggo dasar cakupan
a)         Iklan Lokal yaiku iklan kang cakupan khalayak sasaran kang dituju ana ing wilayah lokal, kayata pedesaan utawa perkotaan, utawa kabupaten.
b)        Iklan Regional yaiku iklan kang cakupan khalayak luwih saka siji wilayah lokal.
c)         Iklan Nasional yaiku iklan kang target konsumen ana ing kabeh wilayah negara.
d)        Iklan Internasional yaiku iklan kang mbidik khalayak kang njangkau trans nasional utawa luwih saka siji negara.


6.    Iklan kang nganggo dasar fungsi
a)         Iklan Informasi yaiku iklan kang nitik beratke isi kanggo  informasi kanggo khalayak.
b)        Iklan Persuasi yaiku iklan kang nitik beratke ing upaya ngaruhi khalayak kanggo nglakokake penggawean.
c)         Iklan mendidik yaiku iklan kang nitik beratke ing tujuan ndidik khalayak, supaya khalayak ngerti lan nduwe pengetahuan.
d)        Iklan Parodi/Hiburan yaiku iklan kang digawe kanggo keperluan guyonan.







Komentar

Posting Komentar